0

Sejarah

Posted by Unknown on 19.22 in ,

 
Mula Bukane Mertoyudan

Rikala jaman semana kerajaan Mataram dipimpin dening raja kang aran Danang Sutawijaya kang diwenehi gelar Panembahan Senapati. Panembahan Senapati duweni gegayuhan ngambakake wilayah kerajaan. Kang bakal dilakoni sepisan yaiku mbukak alas ana daerah Kudu. Miturut kepercayan masyarakat kana, alas Kudu kuwi salah sijine kerajaan Jin kang dipimpin raja jin kang aran Jin Sepajang. Panembahan Senapati uga ngangkat Pangeran Purbaya dadi Senapati Perang kanggo ngadhepi mungsuh kang ora disangka-sangka.

Tekan dina sing wis ditetepake, bala tentara Mataram ngobrak-abrik alas Kudu mau. Mula saka iku Jin Sepajang nesu. Raja Jin Sepajang mrintah Pasukanne supaya nglawan bala tentara kang dipimpin Pangeran Purbaya. Tak urung meneh perang antarane kerajaan Mataram nglawan kerajaan Jin ora bisa disingkiri. Ananging bala tentara Jin kalah. Raja Jin Sepajang bisa mlayu saka kepungan pasukan Mataram.
Akhire alas Kedu mau bisa dikuasani dening kerajaan Mataram, dadi desa kang tentrem ayem loh jinawi. Ana ing desa kasebut, ana pak tani kang aran Kyai Keramat lan bojone kang aran Nyai Bogem. Kyai Keramat lan Nyai Bogem duweni anak wadon kang aran Rara Rambat. Rara Rambat kuwi wanita kang ayu rupane.


Ana ing sawijinng dina, Rara Rambat ketemu karo Raden Kuning, yaiku kang dadi kepercayaane Pangeran Purbaya. Raden Kuning kesemsem dening rupa ayune Rara Rambat. Mula saka iku Raden Kuning nglamar Rara Rambat lan ditrima lamaran kuwi dening Rara Rambat. Akhire Raden Kuning lan Rara Rambat dadi manten.

Ing sawijining dina, Raja Jin kang rikala jaman biyen dikalahake dening pasukan Mataram, lara atine banjur mbaes kanthi mendho-mendho dadi manungsa kang aran Sonta. Sonta lunga menyang omahe Kyai Keramat pingin ngabdi. Mesti wae Kyai Keramat ya nampa. Kyai Keramat ora ngreti yen Sonta kuwi sejatine jin.

Kanthi kasektenne, Sonta nggawe wong-wong ing desa mau  dadi lara, semana uga pasukan Mataram. Akeh warga lan pasukan Mataram kang mati amarga kena lelara kasebut.

Akhire  Panembahan Senapati pirsa wargane padha nandhang lelara. Mula panembahan Senapati banjur tapa. Nalika mertapa mau, Panembahan Senapati ketemu Nyai Rara Kidul lan njaluk tulung supaya isa ngatasi perkara ing desa iku.

Ing sawijining dina, Pangeran Purbaya menyang omahe Kyai Keramat. Pangeran Purbaya ngedika yen sejatine sing njalari warga desa padha lara yaiku Sonta, abdine Kyai Keramat.  Krungu pangendikane Pangeran Purbaya lan Kyai Keramat Sonta banjur mlayu. Ananging Kyai Keramat ngreti, banjur ditututi. Sonta lan Kyai Keramat adu kesakten. Ananging Sonta luwih kuat. Ana  ing kedadeyan kuwi, Kyai Keramat tewas. Jin Sepajang utawa Sonta  mlayu ninggalake papan mau. Lan mayate Kyai Keramat disarekake ana kana.

Nyai  Bogem ora trima yen bojone tewas.  Nyai  Bogem banjur mlayu nututi Sonta. Sonta lan Nyai  Bogem adu kesakten, ananging Nyai Bogem kalah malah uga tekane pati. Pangeran Purbaya dhawuh supaya mayite Nyai  Bogem disareake ing papan kuwi.

Pangeran Purbaya dhawuh marang Tumenggung Mertoyuda supaya mateni Sonta. Ana ing peprangan antarane Sonta lan Tumenggung Mertoyuda, Tumenggung Mertoyuda kalah lan uga tekane pati. Pangeran Purbaya uga dhawuh supaya mayite Tumenggung Mertoyuda disareake ana ing papan kuwi. Mula papan  kuwi banjur diarani “MERTOYUDAN” tekan saiki.

0 Comments

Posting Komentar

Copyright © 2009 Referensi All rights reserved. Theme by Laptop Geek. | Bloggerized by FalconHive.