0
Geguritan
WAYAH WENGI
Dening
Annida Zakiya Fatin (X8-04)
Rikala surya lingsir ing sisih
kulon
Lintang-lintang gumebyar maesi sepining dirgantara
Rembulan cumepak birawa ing singgasana
Swara jangkrik
ing sepining wengi
Ngidungake tembang-tembang edi peni
Kunang-kunang padha nari ing tawang
Krelap-krelip cahyane nentremke ati
Sumiliring angin ngripta jogeding ron garing
Iku kabeh nyitrakake
endahing wengi
Lancana wujud katresnan
Gusti Kang Maha Kuwasa
Muntilan,
24 November 2012
Posting Komentar